Minggu, 21 April 2013

contoh Naskah Drama bahasa jawa

ATUR PANGIRING

Ingkang sepisan kula kaliyan rencang-rencang ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kula sedaya saged ngrampungaken makalah punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken makalah punika.
Makalah punika dipunrampungaken kagem ngawujudaken tugas akhir saking piwulang  basa Jawi ingkang ngrembug babagan ”Drama” ingkang irah-irahanipun ”Srikandi Edan”.
Mugi-mugi makalah punika saged kagem mbiyantu kula panjenengan sedaya anggenipun sami sinau basa Jawi. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun.























DAFTAR ISI

ATUR PANGIRING …………………………………………………………………. 1
DAFTAR ISI ………………………………………………………………………….. 2
SINOPSIS ……………………………………………………………………………... 3
TEKS DRAMA ……………………………………………………………………….. 3
UNSUR INSTRINSIK ……………………………………………………………….. 9
PANUTUP ……………………………………………………………………………. 10
Sinopsis

Srikandi jaman wayang sinau ilmu manah marang Arjuna sing nduwe ilmu Danurwendo, jaman saiki utawa mbesok Srikandi sinau ilmu sejarah yo marang Arjuna.
Srikandi saiki pengen sinau sejarah negeri iki ben ngerti kanthi jelas sejarahe negerine. Saksuene iki sejarahe mong dadi ilmu kang diapalne.
Sampek saithik edian Srikandi jajal ngoleki Arjuna kanggo sinau sejarah, nanging sayange sampek cerita iki enthek Srikandi gak isa sinau sejarah tentang negerine. Nyapo ?
Opo Arjuna pancen gak gelem ditemui karo Srikandi, utawa amarga sejarah negeri iki gak perlu disinau, lan mong diapalne tok ? Iki kagelisahan Srikandi jaman iki.


TEKS DRAMA

Adegan 1
Layar dibuka, kethok panggung karo pirang-pirang kotak seng dadi properti. Uga ana kelompok musik kang lagi maine musik sederhana. Uga ana dalang kang lagi siap-siap main lengkap karo perabotan  dalange. Wayang-wayang metu diiringi musike. Nggawe komposisi kang penak.
Dalang                 : Syahdan, bengi iki awake dewe ngugah  tokoh wayang terkenal ayu lan otake seng cemerlang. Srikandi jenenge.

                               Nanging Srikandi iki ora manggon neng Madukara kaya Srikandi jaman Mahabharata mbiyen, amarga Madukara saiki wes enthek dipangan gempa, geni lan banjir.

                               Srikandi seng saiki  manggon neng kawasan Darmo Permai kana. Iku lho perumahan elit lan mewah yo, sebelah kulone stasiun televise kae.
                            opo tuan ? adoh ?
                               Ah yo ora sih, mosok Darmo Permai adoh ?
                               adoh saka ngendi tuan ? adoh lan cedak iku kan diukur saka ngendi panggonane. Yo to ?
                               opo tuan ? saka Wonokromo ?
                               Yo mesti wae adoh rek yen teko Wonokromo. saka jembatan merah yo adoh, opo maneh saka Gresik. Lan maneh numpak apa panggonan iku awake dewe ngomong adoh. Nek numpak sedan utawa panther ya cedak. Nek numpak sepeda, becak bendi, yo adoh opo maneh yen mlaku. Yo to ?
                                Srikandi jaman wayang lan Srikandi jaman komputer iki adoh bedane.
                               Srikandi jaman wayang mbiyen seneng banget lan pinter banget marang ilmu manah, Srikandi saiki pinter lan seneng karo ilmu sejarah. Jarene wong bijak, negara iku gedhe amarga sejarah. Ojo pisan-pisan ninggalne sejarah jare salah siji proklamator negeri iki. Sejarah liyo lho karo sujarah. coba takokno dhisik marang guru, apa bedane sejarah lan sujarah.
                                 Srikandi mbiyen, Srikandi jaman wayang tresno marang Arjuna ethok-ethok edan. Srikandi saiki lagi tresno marang Arjuna ethok-ethok lara nemen.
                                    Nah, bengi iki aku coba tangekne maneh Srikandi iki. Ora usah takon iki Srikandi mbiyen, Srikandi saiki utawa Srikandi mbesok.



METU CAH WEDHOK UTAWA REMAJA KARO KLAMBI SANTAI. NGANGGO KAOS OBLONG, CELANA JEAN LENGKAP KARO TOPINE (TOMBOY) SAKA WAYANG WAYANG.

 

Srikandi           : Hallo sugeng dalu penonton

                          Sugeng dalu Surabaya
                          Sugeng dalu, bengi iki. Piye kabare ?
                          Ya benar, aku iki Srikandi seng tuan entheni ket wau.
                          Apa tuan ? ayu ?
                          Lho iku kan jarene dalang. Ojo gampang percaya omongane dalang.
                               Dalang iku kan gaweane pancen ndalang.
                               ndalangi wayang, ndalangi kekacauan, ndalangi kerusuhan. Oalah dalang dalang.
                               Benar tuan, aku pancen pengen banget ketemu Arjuna. Pengen banget sinau marang dheweke.
                               Tuan tuan ngerti omahe Arjuna ?
                               Tulungen tuan nek ngerti omahe Arjuna. Aku pengen banget neng omahe. Ojo khawatir soal duet kesele. Pasti ana. nek mong nguweni weruh neng ngendi omahe jelas beda lho karo nek melu ngeterne aku tekan neng omahe.
                               Apa tuan ?
                               Oh ya aku pengen sinau marang dheweke.
                               sinau sejarah.
Wayang wayang :  sinau utawa…

Srikandi           : utawa apa ?

Wayang wayang  : sinau utawa tresno ?
Srikandi               :  Oh… sinau rek.
Wayang wayang  :  sinau utawa sinau.
Srikandi               :  sinau.
Wayang wayang  :  sinau utawa sinau.
Srikandi               :  sinau sinau !
Wayang wayang  :  sinau utawa tresno ?
Srikandi               :  sinau !
                               Sekali sinau yo tetep sinau !
Wayang wayang  :  sinau karo tresno ?
Srikandi               :  isin ah…..

LANGSUNG MLEBU LAGU REMAJA CINTA NENG SEKOLAH KARO WAYANG-WAYANG
Srikandi               : malu aku malu pada semut merah
                              yang berbaris di dinding
                              menatapku curiga seakan penuh tanya
                               sedang apa disini menunggu pacar jawabku
Ing sela-sela lagu iku ana dialog neh :
Dalang                 : ”yo ngunu kuwi lah Srikandi awit lelakoning katresnan kang kapisane. Karo nyelem ngombe banyu. Sinau sejarah negrine karo katresnan marang wong liyo.”
Wayang-wayang : ”nyapo sinau sejarah? Nyapo ora sinau matematika? Sinau kok sejarah.”
Srikandi               : ”nyapo yen sinau sejarah? Sejarah iku perlu disinau. Sejarah ora mung dihafalke wae, nanging kudu disinau barang. Negara gedi iku amarga sejarah. Sejarah kok dihafalke. Yen wes hafal terus dinggo opo? What for? Nyinauni sejarah negara-negara gedi, wong-wong gedi, lan Nyinauni sejarah pikiran-pikiran gedi. Yo to pak dalang?”
Dalang                 : ”bener iku. Terus karepmu piye?”
Srikandi               : ”yo kudu tak goleki omahe Arjuna.”
Dalang                 : ”yen wes ketemu?”
Srikandi               : ”yo sinau sejarah marang deweke.”
Dalang                 : ”yen ora ketemu?”
Srikandi               : ”yo kudu digoleki nganti ketemu.”
Dalang                 : ”pantang mundur?”
Srikandi               : ”yo bener. Pantang mundur. Pantang dinggo mundur. Sepisan layar mekar ora pengin kapal mundur maneh sakdurunge nganti nang pulau tujuan.”
Dalang                 : ”siap terus maksudmu?”
Srikandi               : ”miturut dalang piye kudune?”
Dalang                 : ”takono wae marang para wayang.”
Srikandi               : ”piye wayang kudune?”
Wayang               : ”ojo takon marang aku, engko bisa dianggep melu ndalangi critamu Srikandi. Kabeh wayang ora oleh podo ndisiki.”
Srikandi               : ”yo weslah yen ngono tak putusne dewe.”

Srikandi langsung lunga.

Wayang-wayang : ”menyang endi Srikandi?”
Srikandi               : ”nggoleki omahe Arjuna.”
Wayang-wayang : ”ono endi omahe?”
Srikandi               : “ora ngerti, nanging mesti ketemu.”
Dalang                 : ”yo ngunu kuwi critane Srikandi sakwentara iki. Deweke kekeh, ndablek arep nggoleki omahe Arjuna. Deweke kudu ngliwati omah-omah gedi, dalan-dalan gedi lan sekolah-sekolah gedi amargo pengen sinau babakan sejarah wong-wong gedi lan negara-negara gedi, amarga Srikandi uga nduweni pikiran gedi.”

Srikandi wes metu saka komposisi iku.

Srikandi               : ”bener, ing kene iki omahe Arjuna? Dalan Diponegoro, cedhak pom bensin, menggok neng tengen terus ana toko kelontong toko Seneng menggok kiwa terus, terus nomer papat likur. Yo bener iki lo omahe.”
Wayang-wayang : ”mlebuo Srikandi ojo wedi. Bener iku omahe Arjuna.”
Srikandi               : ’’tenan yo iki omahe Arjuna.”
Wayang-wayang : ”Nanging ojo nesu lo ya, sopo ngerti iki dudu arjuna seng mbok maksud iku. Opo ora jeneng Arjuna saiki iki akeh. Jajalo Srikandi, jajalo disik. Opo ora salah iku ugo proses sawijining marang becik.”

Srikandi berakting kayak wong seng lagi ndodok lawang.

Wayang-wayang : thok thok thok
Wayang dialog    : ”Arjuna metuo sakdelok. Ana tamu pengen nemoni sliramu.”
Arjuna                 : ”sopo deweke?”
Srikandi               : ”opo iyo iki omahe Arjuna?”
Wayang-wayang : ”bener ora kleru meneh. Entenono sakdelok. Lek ndank metu Arjuna, ana tamu.”
Arjuna                 : ”sopo deweke?”
Wayang-wayang : ”ora ngerti, nanging deloken sakdelok utawa deloken soko bolongan kunci omahmu.”
Arjuna                 : ” omongo marang deweke. Dina iki aku ora bisa nemoni deweke. Sampekno panjaluk ngapuroku, nanging tulung sampekno aku arep nemoni deweke ing omahe. Catet alamat lan nomer telepone.”
Wayang-wayang : ”ora kuciwo?”
Arjuna                 : ”sakjane kuciwo, nanging piye neh. Sakwijining wektu mesti bisa ketemu.”
Wayang-wayang : ”yo wes Arjuna.
                            Srikandi?!”
Srikandi               : “nyapo?”
Wayang-wayang : “ana kepentingan sing ora bisa ditinggalake, nanging arep nemonimu dewe ing omahmu. Saiki tulung alamat omah lan nomer teleponmu.”
Srikandi               : “tenan ora ngapusi?”
Wayang-wayang : “ora, deweke dewe sakbenere uga pengin ketemu marang sliramu.”
Srikandi               : “nanging opo omahe pancen nang kene?”
Wayang-wayang : “ora. Ora ana sakwijining wong seng ngerti alamate. Sakpisan-pisan teko mrene. Nanging seng penting deweke arep teko nang omahmu asal ngerti alamat omahmu Srikandi.”
Srikandi               : ”0311234567. HP ku isih disilih sing nduwe.”
Wayang-wayang : ”saiki arep menyang endi Srikandi?”
Srikandi               : ”tetep nggoleki Arjuna nganti ketemu.”
Dalang                 : ”yo ngunu kuwi penonton tekade Srikandi. Nggoleki Arjuna nganti ketemu. Ora ana pilihan liyo awak dewe kudu mlaku terus jarene para penyair. Bayangno, rina wengi Srikandi nggolekine. Saiki delengen lelakoning Srikandi.”

SRIKANDI METU SOKO KELOMPOKE KUI LAN MLAKU MENEH KARO ROSO GELO DIALOG KARO PENONTON..
Srikandi               :Penonton ewangi aku y..
                            Ning endi ya omahe Arjuna sing bener..
                            Aku pegen ketemu karo wonge arep sinau sejarah..
                            Yo bene ae wong liyo nguyokake aku kok sinau sejarah..
                            Sejarah negeri iki perlu dipelajari sing bener..penting banget sinau sejarah kie..
                            Opo tuan.???
                            Rembulan.???
                            Mosok rembulan ngerti omahe Arjuna..
                            Ora opo-opo, sopo ngerti rembulan emang ngerti omahe Arjuna..

SRIKANDI NGOMONG KARO REMBULAN
                            Rembulan, apa kabar.??
                            Nak aku mesti sehat.
                            Oh yo rembulan, opo kowe ngerti nang endi omoahe Arjuna.??
                            Ojo ngapusi lho Arjuna. Aku butuh banget koro Arjuna.
                            Aku pegen sinau sejarah negeri iki.
                            Jarene wonge iku sing paling ngerti tentang sejarah negeri iki.
                            Opo rembulan.??
                            Lho yokopo se rek rembulan iki.
                            Pelajaran sejarah iku penting, terutama sejarah negerine dhewe.
                            Tulung aku rembulan ning ndi omahe Arjuna kui.
Wayang wayang  :Uwis Srikandi uwis..ndang muliho saiki.
Srikandi               : Ora, aku ora mulih sak durunge ketemu Arjuna.
Wayang wayang :Dino wis bengi, sesog digoleki meneh. Opo...
Srikandi               :Opo nyapo.???
Wayang wayang  :Njajalo tekok karo semut-semut
                            Sopo ngerti wonge ngerti omahe Arjuna
                            Tekoko karo semut opo suket-suket
                            Njajalo tekok karo suket sing obah.
Srikandi               :  Atau apa.
Wayang wayang  :njajalo takon marang  semut semut
                            Sopo ngerti deweke ngerti omahe Arjuna
                            Takonono karo semut utawa rumput rumput
                            njajalo awak dewe taking marang suket seng obah

SRIKANDI LANGSUNG JONGKOK KAYATA NGOMONG KARO SUKET-SUKET
Srikandi               :  Suket-suket sugeng ndalu
                            Sepurane y nek enek ning antara kowe keidek sikilku
                            Tenan suket, aku ora sengaja
                            Bar bengi lan rembulan ora bersinar koyok ndek mau meneh
                            Suket-suket opo oleh aku tekok
                            Eh suket tangio sedilut soko turumu. Aku pegen nganggu kowe sedilut suket..
                            Tulungi aku sopo ngerti kowe ngerti nang endi omahe Arjuna..
                            Yo, Arjuna sing pinter ilmu sejarah iku. Aku pengen ketemu wongw kanggo sinau sejarah khususe sejarah negeri iki..mosok jare guruku bedo karo jare bapakku tentang sejarah negeri iki. Bener suket-suket aku pegen banget ketemu karo Arjuna kanggo sinau sejarah..
                            Oh yo, nek sejarah kanggo dihapalne pancen penak. Tapi sejarah ora kanggo dihapalne tok. Sejarah kudu dipelajari suket-suket.
                            Opo suket.???                                         
                            Tekok karo semut-semut.
                            Ndek mau rembulan ngongkon aku tekok menyang suket saiki kowe ngongkon aku takok menyang semut. Engko semut,, yoben aku nyoba kanggo tekok menyang semut. Sopo sing ngerti. Matur suwun suket-suket..



Wayang wayang  :Pie Srikandi sido takok marang semut.??
Srikandi               :  Yo,,
Wayang wayang  : Tenan Sriakandi.. opo perlu bantuan.??
Srikandi               : Oleh nak ura kabotan..
WAYANG WAYANG BERNYANYI        : Semut-semut cilik
                                                            Aku arep takok
                                                            Opo kowe ning njero kono
                                                            Ngerti omahe Arjuna


Srikandi               :  Ssst ojo rame- rame ngko dheweke podo nesu.
                               jajal aku.
 SRIKANDI NYANYI : Semut semut kecil saya mau tanya
                                        Apakah engkau didalam sana
                                        Tahu rumah Arjuna…..
SRIKANDI DIALOG  :        Ayo to semut semut jawaben
                                        Apa awak mu ngerti omahe Arjuna. wau jare suket-suket awak mu ngerti. Ojo wedi ngko tak kei hadiah gula nek kowe gelem ngekei ngerti neng ngendi omahe Arjuna. Mosok ora ngerti. Ojo ngapusi lho yo.
                                        Tulung  semut, aku butuh banget karo Arjuna iku. mung Arjuna wae seng bisa dadi panggonan aku sinaur sejarah negeri iki. Masa depan negeri iki ojo nganti keliru gara gara ora nate nyinauni sejarah.
                                        Bener ?
                                        Ora ngerti. Sopo?
                                        Ah ora bakal aku nggoleki dhewe wae omahe Arjuna.
                                        Matur nuwun semut semut. Sugeng ndalu
                                        Daaag semut


Ujuk-ujuk krungu suara handphone Srikandi langsung ngangkate.

Wayang-wayang : ”lo dek mau jarene ora nduwe?!”
Srikandi               : ”bar tuku...”
wayang-wayang  : ”sopo Srikandi?”
srikandi               : ”ssst.... yo hallo... bener, iki aku dewe. Arjuna? Ah bener.... bener. Yo yo.”
Wayang-wayang : ”sopo Srikandi? Arjuna yo?! Nah, awas lo ngati-ngati.

Amarga Srikandi wes mutung diblituki wayang-wayang lan ora ketemu karo Arjuna, akhire Srikandi minggat ning Ngayogjakarta.
Srikandi                                   : Tuan tuan kok melasmen ya aku iki. Wis ora ketemu arjuna di apusi terus karo wayang wayang. Wis aku tak minggat ae ya tuan. Aku wis mutung arep muleh nang desa asalku ngayogjakarta.
            Ing liya panggon.
Wayang1                                 : ngesakne Sri ya, diblituki ae
Wayang2                                 : yo wes ojo blituki srikandi meneh tampange tambah ketok melas wae.
Wayang4                                 : eh krungu krungu srikandi arep muleh nyang desane lho.
Wayang3                                 : mosok iyo ?
Wayang5                                 : iyo lho aku krungu nguu wi.
Wayang2                                 : walah wes ayo ngomong neng arjuna saiki yen srikandi arep lunga.
Wayang-wayang                      : ayo ayo… lets go..
            Ing omahe arjuna.
                        Thoik thok thok
Wayang1                                 : assalamualaikum arjuna iki aku wayang
Arjuna                                     : walaikumsalam. Ana apa wayang dengaren dolan mrene?
Wayang1                                 : iki lo arjuna masalah srikandi.

Arjuna                                     : lah srikandi? Nyapo deweke?
Wayang1                                 : iku ar, deweeke arep mulih yang desane..
Arjuna                                     : lah kok iso I lo?
Wayang4                                 : nggih arjuna, deweke mutung, amarga kawula mblituki deweke terus. Sepurane ya arjuna.
Arjuna                                     : la weki nyapo daadak ngapusi srikandi barang kie?karepmu kie piye kowe kabeh kan yo ngerti yen aku kie senng karo srikandi. Yen saiki bocahe mulih yang desane piye carane aku ketemuan karo srikandi?
Wayang5                                 : saiki dewekeisih nang stasiun godaken mrana
Arjuna                                     : y owes aku tak budhal saiki
            Ing stasiun
Arjuna                                     : sri sri kowe nang ndi ?
Wayang wayang                      : sri sri ojo budhal disik arjuna arep ketemu.
Srikandi                                   : arep nyapo arjuna ketemu aku bukane arjuna wegah ketemu karo aku?
Wayang                                   : ora sri ndek kae aku ngapusi kowe sr. sak jane arjuna kepingi etemu karo kowe.
Arjuna                                     : iya sri akiu kepingin ketemu karo kowe. Ojo nang ngendi ngendi ya aku ora iso urip tanpa kowe.
Srikandi                                   : maf arjuna aku ora iso. Aku wis kadung lara ati aku arep mulih nang kampungku. Moga moga kowe ketemu cewek sing luwih perfect tinimbang aku.
Arjuna                                     : yowes sri nak kepinginmu emang kayak gitu. Selamat tinggal
Srikandi                                   : sepurane arjuna.selamat tinggal…………





















UNSUR INTRINSIK
1.      Tema         : Pendidikan lan tresno
2.      Lakon lan sifat
2.1.   Dalang           (Setyo)                        sifate apik, wibawa lan bijaksana.
2.2.   Srikandi         (Sonya)            sifate pinter, apik lan lugu.
2.3.   Arjuna            (Yayan)           sifate apik, pinter lan jahil.
2.4.   Wayang 1       (Yehuda)         sifate humoris lan jahil.
2.5.   Wayang 2       (Yuli)               sifate apik.
2.6.   Wayang 3       (Siti N)            sifate judes / cuek.
2.7.   Wayang 4       (Via)                sifate wibawa.
2.8.   Wayang 5       (Tri A)             sifate humoris lan jahil.

3.      Setting
3.1.   Wektu                                    : Siang nganti dalu
3.2.   Papan panggonan       : Ing dalan lan ing latar/ ngarepan’e omahe arjuna.

4.      Alur           : Maju.
5.      Amanat     : Yen gadah karep ingkang becik iku kedah usaha supados saget mawujudaken.



















PANUTUP

            Ingkang kapungkasan kawula ngrumaosi menawi makalah punika boten lepat saking kekirangan ugi taksih tebih saking kasampurnan. Ananging mekanten kawula gadhah pangjak makalah punika saget mufangat kagem sedaya ingkang kawogan ingkang mbetahaken, ing tembe drama punika saget dipun manfaataken ugi dipun lestareaken.
            Sedaya kritik ugi pitedah ingkang asifat ambangun kagem sampurnaning makalah punika, kawula nampi kanthi bombonging manah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar